Label

CONTOH PIDATO MC PRA ACARA HAFLAH AKHIRUSSANAH BAHASA JAWA


Assalamualaikum wr. Wb.


                                                                                   
(Pujian dan Sholawat)……

Dumateng pangersanipun al-mukarom panjenenganipun Bpk.KH. ..................., ingkang tansah kulo wantu-wantu menggah fatwa soho do’anipun, dumateng pangarsanipun panjenenganipun  Bpk. ........ minongko sangking pengasuh pontenipun madrasah kuliyyatul islamy ingkang tansah kawulo mulyaaken ,dumateng pangersanipun poro bapak ,poro ibu, hadirin wal hadirat ingkang tansah dipunrohmati Alloh.
Langkung rumiyin monggo2 kito tansah muji syukur dumateng Alloh swt ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmatan,kesehatan,soho inayahipun dumateng kulo lan panjenengsan sami sahinggo wonten ing wekdal dalu  puniko kito sedoyo saged makempal manunggal wonten ing papan puniko kanthi mboten wonten alangan satunggaling punopo ,sholawat soho salam mugi tansah katetepaken dumateng junjungankito Nabi Muhammad saw. Lan mugi2 kito sedoyo kalebet umatipun ingkang nampi syafatipun wonten ing yaumil qiyamah.Allohumma amiiin.

Dumateng poro bapak ,poro ibu, hadirin wal hadirot ingkang tansah kawulo hormati soho kawulo mulyaaken.
Kepareng kawulo ing mriki badhe mausaken menggah susunan pra acara wonten ing wekdal dalu puniko,

1. ingkang sepindah  inggih puniko pembukaan
2.Ingkang kaping  kaleh inggih puniko waosan ayat Suci Alqur’an
3.Ingkang kaping tigo inggih puniko Tampilan Santri Madrasah Kuliyyatul Islamy
4.Ingkang kaping sekawan inggih puniko Tampilan Sholawat Hadroh
5. Ingkang kaping gangsal inggih puniko panutup
Mekaten wau menggah pra acara ingkang badhe kito lampahi pramilo gegandengan wekdal sampun ragi dalu monggo2 pra acara puniko kito bika sesarengan kanthi waosan umul kitab kawulo derekaken alfatihah .........(selesai) mugi2 kanthi waosan ummul kitab kolo wau sagedto  nglancaraken pra acara wonten wekdal dalu puniko

a.Mlebet Pra acara ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat suci Alqur’an , pramilo dumateng adik ................kawulo sumanggaaken .........(selesai).mekaten wau waosan ayat Suci Alqur’an ingkang dipun waos adik ...............mugi2 dados kesaenan kito lan panjenengan sedoyo.


Dibawah panggung

b.Tampilan engkang saklajengipun inggih puniko  tampilan sangking adik2 santri madrasah kuliyyatul islamy,inggih puniko hafalan surat2 pendek, alala,kalian asmaul husna, pramilo dumateng adik2 santri madrasah kuliyyatul islamy kawulo sumanggaaken.......(selesai) mekaten wau tampilan2 sangking adik2 santri madrasah kuliyyatul islamy .

b.praacara  inggkang saklajengipun inggih puniko tampilan sholawat hadroh sangking .................pramilo dumateng rencang2 saking......................kawulo sumanggaaken.......(selesai).mekaten wau waosan sholawat hadroh sangking .........................ingkang sampun kalempah.


Di atas panggung

c. pra acoro ingkang sak lajengipun inggih puniko panutup ,ananging sakderengipun dipun tutup mugi-mugi kemawon sangking santri2 mki ingkang sampun ngetingalaken tampilan kolo wau mugi2 dadosno santri2 ingkang sholeh , ingkang sholihah lan ing benjangipun sagedto migunani dumateng nuso bongso lan agami,lan sak lajengipun mbok bileh onten kalepatan soho kekirangan anggen kawulo matur ,kawulo nyuwun agunging pangapunten ingkang sak kathah – kathahipun ,lan mongo2 pra acoro puniko kito tutup sesarengan kanthi waosan hamdalah................(selesai)
Mekaten wau ingkang saged kawulo aturaken lan kawulo akhiri bilahi taufik walhidayah wassalamu’alaikum wr. Wb.

Keterangan :
1. warna hijau untuk MC 1
2. warna merah untuk MC 2


<< CONTOH SURAT

Tidak ada komentar:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...