Label

SYIIR PADANG BULAN


[ Allohumma Sholli wa sallim ‘alaa sayyidinaa wa maulanaa Muhammadin ] 2X
[ ‘Adada maa fii ‘ilmillahi Shalatan daaimatan bidawaami mulkillaahi ] 2X

( Padang Bulan Padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe) 2X
Ngelengake, ojo turu sore
(E… kene tak critani, kanggo sebo mengko sore)2X




(Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal, ngalamat bakal getun mburine) 2X
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
(anak putune, rame-rame rebutan warisan) 2X

(Wong tuwo loro, ing jero kubur anyandang susah
Sebab mirsani, putro-putrine ora ngibadah (dho pecah belah)2X
Kang den arep-arep, yaiku turune rohmat
(Jebol kang teko- jebol kang teko, nambahi fitnah) 2X

(Iki dino, ojo lali lungo ngaji
Takon marang, Kyai guru kang pinuji) 2X
Enggal siro, Ora gampang kebujuk syetan
(Insya Alloh, kito menang lan kabegjan) 2X

(Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan
Esuk-esuk, rame rame luru ramalan) 2X
Gambar kucing, dikiro gambar macan
(Bengi diputer-bengi diputer, metu wong edan) 2X

(Kurang puas kurang puas luru ramalan
Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan) 2X
Kang ditakoni, ngguyu cekakaan
(Jebul kang takon-jebol kang takon, wis ketularan) 2X

 << DAFTAR TEKS SYAIR/LIRIK & LAGU

Tidak ada komentar:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...